nika warahing Hidayah Jati, ingkang nedahaken dunungipun pangkating
ngelmi makripat, medal saking wirayating wiradat, wewejanganipun para
wali ing Tanah Jawa. Sasedanipun Kanjeng Susuhunan ing Ampeldenta, sami
karsa ambuka wewiridan ingkang dados wijining wewejanganipun suraosing
ngelmi kasampurnan piyambak-piyambak. Wiyosipun inggih igu asal saking
dalil, kadis, ijmak tuwin kiyas kados ingkang sampun kasebut wonten
salebeting wiradat. Jangkeping ing murad maksuding wirid sadaya. Menggah
papangkatanipun satunggal-tunggal kapratelakaken ing ngandhap punika.
Ingkang rumiyin : saangkatan kala jaman awalipun nagari ing Demak, para wali ingkang karsa amejang namung wewolu.
1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Kedhaton ; wewejanganipun wisikan ananing Dat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Tandhes ; wewejanganipun wedharan wahananing Dat.
3. Kanjeng Susuhunan ing Majagung ; wewejanganipun gelaran kahaning Dat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Benang ; wewejanganipun pembukaning tata malige ing dalem Betalmakmur.
5. Kanjeng Susuhunan ing Muryapada ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukaram.
6. Kanjeng Susuhunan ing Kalinyamat ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Gunungjati ; wewejanganipun panetep santosoning iman.
8. Kanjeng Susuhunan ing Kajenar ; wewejanganipun sasahidan.
Ingkang kaping kalih : Ing saangkatan malih kala jaman akhiripun nagari
ing Demak dumugi ing Pajang, para wali ingkang karsa amejang inggih
namung wolu :
1. Kanjeng Susuhunan ing Giriparapen ; wewejanganipun wisikan ananing Dat.
2. Kanjeng Susuhunan ing Darajat ; wewejanganipun wedharan wahananing Dat.
3. Kanjeng Susuhunan ing Atasangin ; wewejanganipun gelar kahananing Dat.
4. Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmakmur.
5. Kanjeng Susuhunan ing Tembayat ; kalilan dening Kanjeng
Susuhunan ing Kalijaga amiridaken wewejanganipun pambukaning tata malige
ing Betalmakmur.
6. Kanjeng Susuhunan ing Padusan ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas.
7. Kanjeng Susuhunan ing Kudus ; wewejanganipun panetep santosaning iman.
8. Kanjeng Susuhunan ing Geseng ; wewejanganipun sasahidan.
Dene wewejangan ingkang sampun kasebat ing nginggil punika suraosipun
inggih nunggil kamawon, amargi sami wewiridan saking pamejangipun
Kanjeng Susuhunan ing Ampeldhenta, sadaya.
Sareng dumugining jaman nagari ing Matawis (Mataram), panjenenganipun
Nata Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma,
wewejanganipun wolung pangkat wau karsa kaimpun dalan saprabotipun pisan
supados mutamdha ing suraosipun sadaya. Punika lajeng kababaraken dados
wewejangan satunggal kemawon, sasampunipun mupakat kalihan kawruhing
para ahli ngelmi, karsa dalem matah ingkang kalilan amridaken wewejangan
makaten wau ing ngandhap punika :
1. Panembahan Purubaya
2. Panembahan Juminah
3. Panembahan Ratu Pekik
4. Panembahan Jurukiting
5. Pangeran ing Kadilangu
6. Pangeran Kudus
7. Pangeran Kajoran
8. Pangeran Tembayat
9. Pangeran Wonggo
Menggah wewejangan ingkang sampun kaimpun dados satunggal wau wiyosing
sami, asal saking nenukilan bangsaning kitab tasawup sadaya. Urutipun
satunggal-satunggal asasandhan daliling ngelmi minangka pitedahan
anggenipun mratelakaken pangandikaning Pangeran Kang Mahasuci dhateng
Kanjeng Nabi Musa kalamullah, manawi manungsa punika minangka
kanyataning Dat Kang sifat Esa. Makaten wau ingkang kawedharaken dados
witing ngelmi makripat, dados wewiridaning para Nata, para wali kala ing
kina, lajeng dipun kiyas dhateng para pandhita dados bebukaning
wewejanganipun piyambak-piyambak. Sareng kaimpun dados satunggal saking
karsa dalem ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung ing Matawis punika
mupakatipun suraosing ngelmi makripat ingkang kawejangaken sadaya.
Wekasanipun ing ngalami-lami wewejangan wau punika wijang malih kados
sanes-sanes suraosing pangawikan, margi saking kathahipun para wicaksana
ingkang dados guru sami ambabaraken wewiridanipun piyambak-piyambak.
Wonten ingkang miridaken praboting ngelmi makripat kamawon, malah
terkadang wonten ingkang amedharaken patrapipun ngelmi telek kaliyan
ngelmi patah sapanunggilipun ingkang bangsa ngelmi sesorongan sadaya.
Mila samangkedipunparsudi dhateng Kyageng Muhammad Sirullah ing
Kedhungkol, inggih punika sakiduling Kedungpanganten, mawi ketengeran
ing taun punika : Rongsogoto Wargo Sinuta, salebeting Alip, 1779
kadhawahan ilham linilan dening Pangeran Kang Maha Suci anata
urut-urutaning ngelmi makripat, serat andunungaken ing murad maksudipun
pisan anurut wewejangan wolung pangkat kakumpulaken dados satunggal,
kados ing ngandhap punika.
1. Wisikan Ananing Dat (Ingkang rumiyin wejanganipun Kanjeng Susuhunan ing Giri Kadhaton )
Wejangan punika dipun-wastani wisikan ananing Dat, awit dening
pamejangipun kawisikaken ing talinga kiwa, wiyosipun kasebut ing dalem
daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing kitab Hidayat
khakaik, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng
Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, makaten jarwanipun :
Sejatine ora ana apa-apa ; awit duk maksih awang-uwung durung ana
sawiji-wiji ; kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging
Ingsun ; sajatine Kang Maha Suci anglimput ing Sipat Ingsun, anartani
ing asman-Ingsun amratandhani ing apngal Ingsun.
2. Wedharan Wahananing Dat (Wejangan ingkang kaping kalih, dening Kanjeng Susuhunan ing Tandhes)
Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananing Dat, awit dene
pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dat, sipat, wahanipun
kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukilan saking
sarahing kitab Dakaikalkaik.
Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng
Nabi Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
Sajatine ingsung Dat kang Amurba Amisesa kang kawasa anitahaken
sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodrat-ingsun. Ing
kono wus kanyatan pratandhaning apngal-Ingsun kang minangka bebukaning
Iradat-Ingsun. Kang dhingin Ingsun anitahaken hayyu aran Sajaratul yakin
tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran
Nur Muhammad, nuli kaca aran Mirhatulkayai. Nuli nyawa aran roh Ilapi,
nuli damar aran Kandhil. Nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal
aran Kijab, iku kang minangka warananing Kalarat-Ingsun.
3. Gelaran Kahaning Dat (Wejangan ingkang kaping tiga, dening Kanjeng Susuhunan ing Majagung)
Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dat, awit dening
pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring dat sipat, inggih
punika nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken sipatipun.
Gumelar kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping
tiga, nukilan saking Kitab bayan Humirat mupakat kaliyan Kitab Bayan
Alip, kitab Madinil Asror, kitab Makdinil Maklum, inggih punika
bangsaning kitab tasawup sadaya. Sami amratelakaken wangsitipun Pangeran
Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah karaos ing
dalem rahsa, makten jarwanipun ;
Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning
manungsa. Karana Ingsun anitahaken saka anasir patang prakara : 1. Bumi,
2. Geni, 3. Angin, 4. banyu. Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun,
ing kono ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3.
Roh, 4. Napsu, 5. Budi – iya iku minangka warananing wajahingsun Kang
Maha Suci.
Wejangan ingkang kaping sekawan, dening Kanjeng Susuhunan ing Benang
4. Pambuka Tata Malige Ing Dalem Betalmakmur
Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha
Luhur, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmakmur. Awit
dening pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran Kang Maha suci,
anggenipun karsa anjenengaken maligening dat minangka Betullah wonthen
ing sarahipun manungsa, punika sajatosipun dados pitedhah kayektrning
kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dat Kang Maha Mulya
langgeng boten kenging ewah saking gingsir saking kahanan jati.
Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sekawan nungkilan
saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran
Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang
kapisan karaosaken ing dalem rahsa, makaten jarwanipun ;
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmakmur, iku omah
enggineng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana
sajroning sirahiku dimak, yaiku utek ; kang ana antraning utek iku manik
; sajroning manik iku budi ; sajroning budi iku napsu ; sajroning napsu
iku suksma ; sajroning suksma iku rahsa ; sajroning rahsa iku Ingsun ;
ora ana Pangeran, nanging Ingsun Dat Kang nglimputi ing kahanan jati
5. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Betalmukaram (Wejangan
ingkang kaping gangsal, dening Kanjeng Susuhunan ing Muryapada)
Wejangan punika dipun wastani kayektening kahanan Kang Maha Agung.
Inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmukaram, awit
dening pamejanganipun pambuka kodrat iradating Pangeran kang Maha suci,
enggenipun karsa anjenengaken maligening Dat, minangka Betullah wonten
ing dhadhaning manungsa.
Kasebut ing dalem daliling dados pitedahan kayektening kahanan
satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating dat kang Maha Mulya lenggah
boten kenging ewah ginsir saking kahanan jati.
Kasebut ing dalem daliling ngemi ingkang kaping gangsal, inggih
ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken
wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad
Rasulullah, ayat ingkang kaping kalih karaos ing dalem rahsa makaten
jarwanipun :
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmukaram, iku omah
enggoning Lalaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam. Kang ana
ing sajroning dhadha iuk ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung,
sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jiemn, yaiku angen-angen,
sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning
rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran, anging Ingsun Dat kang anglimputi
ing kahanan jati.
6. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Betalmukadas (Wejangan
ingkang kaping enem, dening Kanjeng Susuhunan ing Kalinyamat)
Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha
Suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas, awit
dening pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran Kang Maha Suci
anngenipun karsa anjenengaken maligening Dat, nmanagka Betulah katata
wonten ing kontholing manungsa. Punika sajatosipun ugi dados pitedhahan
kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dat Kang
Maha Mulya, lenggah boten kenging ewah gingsir saking kahanan jati.
Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping enem, inggih ugi sami
nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil. Amratelakaken wangsitipun
Pangeran Kang Maha suci dhateng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang
kaping tiga, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :
Sajatine Ingsun nata malige sajroning Betulmukadas, iku omah
enggoning Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam ; kang ana
sajroning konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku
nutpah, yaiku mani sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi,
sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa
iku Ingsun ; ora ana Pangeran angin Ingsun Dat kang nglimputi ing
kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal,
ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam
misal, alam ajesam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku
sajtining sipat Ingsun.
7. Panetep Santosaning Iman (Wejangan ingkang kaping pitu, dening Kanjeng susuhunan ing Gunungjati)
Wejangan punika dipun wastani panetep santosaning iman, abebuka
sahadat jati, awit dening pamejangipun amangsit ingkang dados pikekahing
pangandel kita, denira angestokaken dhateng kayektining gesang kita
pribadi, manawi sampun tetep minangka tajalining Pangeran Kang Maha Suci
sajati. Kasebeut ing dalem ijemak riwayating para wiliyullah, nukilan
saking kadis makdus, salebeting bab maklumatul uluhiyah. Wiyosipun
anyariyosaken kakekating tokid. Ingkang terus dhateng iktikad, pepiridan
saking cipto sasmitanipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang
kawangsittaken dhateng sayidina Ali, makaten jarwanipun :
Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun.
Menggah dunungipun makaten :
· Ingkang dipun wastani Pangeran meniko dateng gesang kita
pribadi. Sebab sajatosipun sagung asya sami kukum napi sadaya. Tegesipun
asya ; sawiji-wiji, tegesipun napi ; boten wonten. Mila kasebut boten
wonten Pangeran isbatipun inggih namung dating gesang kita pribadi.
Tegesing isbat ; tetep. Dados teteping ingkang anyebut kaliyan ingkang
sinebut Pangeran punika boten wonten sanesipun, suraos tunggal
tanpawewangenan amung kaot lair batin kemawon.
· Ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya
kita, mila dipun basakaken utusan, amargi dados pangeran rahsaning dat,
kawistara wonten ing netya, kados ingkang kasebut wonten ing dalil
salebeting Kur’an makaten jarwanipun :
Sayekti temen-temen teka ing sira kabeh , utusaning Dat metu saka
ing awakira kang maha mulya, mungguhing utusan iku anembadani barang
saciptanira ; yen angandel sayekti atuk sih pangapuraning Pangeran.
Manawi sampun anampeni dalil Qur’an pangandikanipun Pangeran Kang
Maha Suci makaten wau, dipun waskitha ing galih. Inggih gesangkita
pribadi wahananing nugraha, kahananing kanugrahan. Nugraha punika dating
Gustio, kanugrhan punika sipating kawula, tunggal tanpa
wewangenandumunung wonten ing badan kita. Sampun uwas sumelang malih,
sebab ingkang kasebut ing Kitab Insan Kamil amarah manawi namaning Allah
punika inggih namaning Muhammad. Umpami sabet kaliyan warangkanipun.
Ing mangke Allah minangka warangka, Muhammad minangka sabet ; ing tembe
wewangsulan.
Wisiyating guru ingkang amedharaken ngelmi panetep santosaning
iman, kaprayogekaken sami anglampahana boten karsa dhahar ulam lembu.
Kabar angsal paedah manjing dados puytra muridipun Kanjeng Susuhunan ing
Kudus, kaidenan ingkang dados saesthining galihipun.
Wonten riwayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep
santosaning iman, ingatasipun amejang dhateng pawestri, wenang kawewahan
makaten jarwanipun.
Ingsu ankeseni, satuhune ora ana Pangeran anging ingsun, lan
anekseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusan Ingsun Fatimah iku umat
Ingsun.
8. Sasahidan (Wejangan ingkang kaping wolu, dening Kanjeng Susuhunan ing Kajenar )
Wejangan punika dipun wastani sasahidan, awit dening
pamejanganipun kinen asahida dhateng wahananing sanak kita. Inggih
punika ananing dumadi ingkang gumelar wonten ing alam dunya, kadosta ;
bumi, langit, wulan, lintang, latu, angin, toya, sapanunggalipun sadaya.
Sami aneksenana yen kita mangkesampun purun angakeni “ Jumeneng Dating
Gusti “ Kang Maha Suci, dados sipating Allah Kang sajati. Kasebut ing
dalem kiyas wewarahing para pandhita, anggenipun amencaraken nukilan
saking kadis mahdus, salebeting bab Maklumating Huluhiyah. Wosipun
anartani ing panetep santosaning iman, dados panuntuning tokid ingkang
ambontos dhateng iktikad. Inggih ugi pepiridan saking cipta sasmitaning
Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsitaken dhateng Sayidina
Ali, makaten jarwanipun ;
Ingsun anekseni ing Dat Ingsun dhewe,
Satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun,
Lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun,
Iya sajatine kang aran Allah iku badan Ingsun
Rasul iku rahsaningsun,
Muhammad iuk rahsaningsun,
Iya Ingsun kang urip tan kena ing pati,
Iya Ingsun kang eling tan kena ing lali,
Iya Ingsun kang langgeng ora kena gingsir ing sawiji-wiji,
Iya Ingsun kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana
Ora kekurangan ing pangerti,
Byar sampurna padang tarawangan,
Ora krasa apa-apa
Ora ana katob apa-apa,
Amung Ingsun kang anglimuti ing alam kabeh kalawan kodrat ingsun.
Menggah dunungipun makaten :
Ingkang dipun wastani Pangeran punika Dating gesang kita pribadi,
ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita pribadi.
Manawi ingkang kasebut ing dalem dhikir “ La Illaha Ilulah, Muhammar
Rasulullah “ tegesipun boten wonten Pangeran anging Allah, Nabi Muhammad
punika utusaning Allah punika apngaling Rasul, dumunung ing badan kita.
Rasul punika asmaning Muhammad, dumunung ing rahsa kita. Muhammad tuwin
sipating cahya, dumunung ing gesang kita. Sajataning gesang kita
punika, Dating Pangeran Kang Maha Suci. Kayektosanipun kasebat ing dalem
daliling Al Qur’an, manawi Pangeran Kang Mahasuci punika kawasa
amijilaken gesang saking pejah, wijiling pejah saking gesang, inggih
gesang kita pribadi punika. Sayekti awit saking pejah, ing wekasan boten
kenging pejah. Dipunbasakaken ; kayun pidareni. Tegesipun : gesang ing
kaanan keakalih, wonten alam ing sahir kita gesang, wonten ing alam
kabir inggih gesang. Serta boten kasupen ing Dat kita kang agung, boten
ewah gingsir ing sipat kita kang elok, boten kasamaran ing sama kita
kang wisesa, boten krkirangan ing apngal kita kang sampurna, dados
pepuntoning tokid ingkang ambontos dhateng iktikad. Sampurnaning gesang
kita punika boten wonten karaos utawi tanpa katinggal punapa-punapa.
Amung waluya sajati lajeng anglimputi ing alam sadaya ; sampun uwas
sumelang.
Wasiyating guru ingkang medharaken ngelmi sasahidan,
kaprayogekaken sami anglampahana sampun ngantos anyebut Allah, kaisbatna
anyebut Pangeran, kadosta : ing bebasan saking karsaning Allah,
isbatipun saking karsaning Pangeran. Kabar pakantukipun ingkang sampul
kalampahan asring kadhawahan ilham. Dados amewahi teranging pambudi,
ananing wasiyating guru ingkang sami kawaleraken sadaya punika manawi
kasupen boten dados punapa, sebab sajatosipun ingkang dados awisaning
ulah ngelmi kasampurnan punika namung napsu. Manawi saged ambirat hawa
napsu, saking adat kadunungan manah awas tuwin emut. Manawi tansah awas
emut saestu manggih kamulyan ing sangkan paran sasaminipun kados
riwayating para ahli ngelmi ingkang kasebut ing ngandhap punika :
Taberi suci temen ;
Mangka pambirating durgandana ing tembe, tegesipun ; ganda awon.
Angengirangi dhahar nginum
Mangka paluluhaning raga ingtembe
Angawisi sare shawat
Mangka pangluyutaning jiwa ingtemb
Anyenyuda napsu wuwus
Mangka panglenyepaning rahsa ingtembe
Manawi sampun lenyep rahsanipun, kabar dumugining delahan ing tembe
lajeng layat dados cahaya gum, ilang tanpa wewayangan ing kaanan kita
kang sejati. Punika sarehning kula dereng saged anglampahi piyambak,
dados namung anyumanggakaken ing pamanggihing galih kemawon. Bokmanawi
kalampahan makaten inggih wallahu alam katarimahipun.
Diposkan oleh Lanang di 15:44
Kirimkan Ini lewat Email
BlogThis!
Berbagi ke Twitter
Berbagi ke Facebook
Label: WIRID HIDAYAT JATI
5 komentar:
Lanang mengatakan...
Ajaran Tauhid dalam Wirid Hidayat Jati
Dalam karya pujangga Ronggo Warsito (1802-1873) berjudul Wirid Hidayat
Jati, beliau menjelaskan ajaran Tauhid. Terdapat beberapa tingkatan
kesadaran dalam olah spiritual. Kesemua tingkatan tersebut sesungguhnya
berawal dari Yang Satu dan tingkatan yang semakin ke bawah hijab atau
penghalangnya semakin tebal, sehingga semakin jauh dari Yang Satu.
Walaupun demikian, semuanya berada dalam Yang Satu jua. Apabila ada
sesuatu yang berada di luar Yang Satu maka akan terjadi dualisme.
Perpisahan dengan yang satu hanya merupakan ilusi.
Tingkatan Pertama
Dzat Tuhan tidak bernama, karena tidak ada satu namapun yang mampu
mewakili keberadaan-Nya. Maka ia disebut Aku, Tuhan Sejati. Berdiri
sendiri, tidak berawal, tidak berakhir, Maha Esa. Dia berkeinginan
menciptakan makhluk agar makhluk tersebut mengenal-Nya.
Tuhan menciptakan makhluk dengan Dzat-Nya, karena tidak ada dzat yang
lain. Jadi makhluk bukan barang baru, namun sekedar penampakan dari rupa
diri Tuhan. Alam ini bukan ciptaan, namun ada karena menemukan
keadaannya, ibarat ombak yang menemukan keadaannya dari samudera. Ombak
pada dasarnya adalah tidak ada, yang ada samudera. Makhluk pada dasarnya
tidak ada yang ada hanya Yang Esa.
Tingkatan Kedua
Penurunan pertama adalah Nur Muhammad. Orang Islam menyebutnya sebagai
Allah. Allah hanyalah nama untuk menyebut diri Tuhan. Sejatinya Tuhan
sendiri tidak dapat dijangkau dengan nama. Nama untuk memudahkan
pengenalan terhadap-Nya. Kalau manusia mengatakan Tuhan itu ada, maka
ada yang mewadahi Tuhan, seperti mengatakan gelas itu ada, maka adanya
gelas itu menempati ruang dan ruang lebih besar dari gelas. Itulah
sebabnya para leluhur mengatakan Tuhan itu tan kena kinaya ngapa, tak
dapat diperkirakan. Ada yang menyebutnya sebagai Keberadaan.
Penampakan Tuhan dengan nama Allah ini sudah mengurangi kesempurnaan.
Allah sebenarnya bersemayam dalam dzat-Nya. Penurunan ini bukan berarti
bahwa Tuhan ada dua. Dia menampakkan diri dalam kualitas menurun agar
mudah dikenal.
Tingkatan Ketiga
Dengan penurunan diri pun masih belum dikenal secara mudah. Tuhan
menurunkan lagi menjadi bersifat kemakhlukan. Pada tahap kemakhlukan ini
bersifat berpasang-pasangan sebagai cikal bakal penciptaan alam
semesta.
12 Maret 2011 15:22
Lanang mengatakan...
Tingkatan Keempat.
Dari yang bersifat kemakhlukan ini terurai menjadi bagian-bagian halus
yang belum nampak. Itulah alam arwah, roh-roh yang merupakan sumber
kehidupan bagi tiap benda. Kehidupan merupakan syarat mutlak bagi
makhluk untuk dapat mengenal Tuhan. Kehidupan alam semesta ini dapat
disebut semu, karena telah terlepas dari kehidupan sejati dalam Dzat
Tuhan. Kehidupan alam semesta ini ada awal dan ada akhirnya.
Tingkatan Kelima
Sumber kehidupan berupa roh ini tidak akan mampu mewakili keinginan
Tuhan, jika tidak disertai sarana atau wadah. Tuhan menjadikan wadah
bagi kehidupan tersebut. Tahapan keempat terurai menjadi bagian-bagian
yang terpisah yang masih halus. Dalam alam ini manusia sudah ada namun
berbentuk jiwa.
Tahapan Keenam
Pada alam ini, Tuhan menampakkan diri secara menyeluruh. Raga adalah
perwujudan rupa diri-Nya. Perbuatan, nama, dan sifat alam semesta adalah
Wajah-Nya.
Tahapan Ketujuh
Setelah mengetahui hakikat diri secara menurun ini, maka tahulah bahwa
alam semesta pada hakikatnya adalah gambaran Rupa Tuhan. Manusia adalah
makhluk yang paling sempurna, karena dibekali kemampuan untuk mendaki
dan menyatu dengan dzat Maulana hingga menjadikan dirinya sebagai wakil
Tuhan di dunia.
Keterpisahan yang menimbulkan pertikaian
Karena kealpaan menyadari jatidirinya, manusia merasa berdiri sendiri
dan terpisah dengan lainnya. Mind, egolah yang menjadi sumber utamanya.
Dengan menuruti egonya manusia menjadi serakah dan bertikai dengan
lainnya. Dengan merasa bisa berpikir sendiri maka manusia bertindak
tidak selaras dengan alam. Seharusnya manusia bertindak selaras dengan
alam. Alam pun sejatinya tidak ada, maya dengan hijab paling tebal, yang
ada hanya Dia. Laa Illaha Illallah, tidak ada yang lain selain Dia. Ya
Tuhan lindungilah kami dari godaan mind yang menyesatkan!